Cerpen basa jawa
Lomba (Gadis) Ing wayah Bali sekolah, aku lan tono arep dolan ing lapangan nguluk layangan. Wayah e minggu wingi pas prei, Aku gawe layangan kanggo lomba nguluk layangan. Tono uwis ning ngarepan omahku. "Lang gilang" tono bengok-bengok. "ya mengko sik no, tak ngasahi ajang diluk, mlebu ndisik!" (tono mlebu) "layanganmu endi lang, aku tak delok" celathune tono. "kui tak seleh ning ndhuwur pit ku" aku bengkok saka pawon. "ayo gek ndang lang, acarane selak mulai" omonge tono karo ngiling ngilingi layanganku. "yo mangkat, selak ra sabar aku arep melu lomba". Aku lan tono langsung ngepit nggowo layangan ing lapangan. Jebul ning lapangan uwis ono sani, joko, karo Doni. "woi cah...." bengokku karo ngawe-awe cah telu kui. "koe melu lomba to lang? Layanganmu apik tenan, tapi isih apik wekku hehehe" guyone joko. "aku melu jok, koe endi layangane? Jaremu apik". Balesku marang joko. ...