Cerpen basa jawa
Lomba
(Gadis)
Ing wayah Bali sekolah, aku lan tono arep dolan ing lapangan nguluk layangan. Wayah e minggu wingi pas prei, Aku gawe layangan kanggo lomba nguluk layangan. Tono uwis ning ngarepan omahku. "Lang gilang" tono bengok-bengok. "ya mengko sik no, tak ngasahi ajang diluk, mlebu ndisik!" (tono mlebu) "layanganmu endi lang, aku tak delok" celathune tono. "kui tak seleh ning ndhuwur pit ku" aku bengkok saka pawon. "ayo gek ndang lang, acarane selak mulai" omonge tono karo ngiling ngilingi layanganku. "yo mangkat, selak ra sabar aku arep melu lomba". Aku lan tono langsung ngepit nggowo layangan ing lapangan.
Jebul ning lapangan uwis ono sani, joko, karo Doni. "woi cah...." bengokku karo ngawe-awe cah telu kui. "koe melu lomba to lang? Layanganmu apik tenan, tapi isih apik wekku hehehe" guyone joko. "aku melu jok, koe endi layangane? Jaremu apik". Balesku marang joko. "iya endi jok, tak weruh" tono nimbrung. "aku ki ra melu cah, wedi ndak menang hehehe". Semaure joko ngguyoni. "padune wedi we nk kalah, haha" tono nyauti. "wis ayo padha dhaftar sik nek meh melu" aku ngajak cah cah mara ning panitia pendaftaran. Aku karo cah cah nemoni panitia.
sedelo maneh lombane mulai. Aku gage gage nguluk layangan. "san, wekmu layangane buntute dolo tenan e..." sajakke aku minder wong nggone sani layangane apik. Nanging ora po po, senajan aku rada minder sithik. Menang karo ora sing penting seneng iso melu lomba nguluk layangan karo kanca kanca. Bocah bocah padha bengok bengok seneng. Aku ning kono fokus karo layanganku. Ing wayah e layanganku agi wae antg, teko teko enek layangan sing nyangkut ning wekku, atiku gelo tenan amarga wekku yo melu pedot. "thel... wekku" uniku mangkel. "layanganmu lang pedhot" gunemme Doni sing nguluk layangan ning sebelahku. "pie iki lang, wekku nyathol ning nggonmu" Doni ngrasa ora penak karo aku. "ya pie meneh don, jane aku gelo tenan" aku langsunng mlaku ning pinggiran njagong. Doni nututi aku. "ngapura ya lang angine mau rada banter, aku ora bisa ngendalikke" ngomonge doni karo ngrangkul pundhakku. Aku mesem kudu iklas. "iya don ora papa". Sawise bubar lomba, aku lan kanca kanca padha pit pitan menyang desa sebelah. Sing maune atine gelo, saiki malah dadi seneng amarga iso kumpul bareng karo kanca kanca.
Komentar
Posting Komentar